Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 7:3 - Kitab Sutji

3 Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 7:3
12 Iomraidhean Croise  

Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”


Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.


Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.


Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan