Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 7:1 - Kitab Sutji

1 Para sadulur, apa kowe padha ora sumurup, – awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, – yen ta angger-angger iku anggone mengku wong ing sajege urip?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 7:1
12 Iomraidhean Croise  

Mulane sira, he Ezra, miturut ing kawicaksananing Allahira, kang kokanggo pathokan, sira ngadegna panggedhe-panggedhe lan hakim-hakim, supaya padha ngakimi rakyat kabeh kang manggon ana ing sabrange bengawan Efrat, yaiku wong-wong kang padha sumurup marang angger-anggering Allahira, dene sapa kang durung sumurup iku padha sira wulanga.


Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang, sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,


Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, – nanging nganti saprene tansah ana alangan –.


Para sadulur, kang dadi pepenginaning atiku lan pandongaku marang Pangeran, wong-wong mau muga padha kapitulungana rahayu.


Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi angger-anggering Toret, satemah saben wong kang pracaya banjur oleh kabeneran.


Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.


Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus padha kabaptis ana ing Sang Kristus, iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane?


ananging saiki kita wus kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing sastrane angger-anggering Toret.


Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.


Tuturku kang mangkono iku apa mung gagasaning manungsa bae? Angger-anggering Toret rak iya mratelakake mangkono ta?


Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan