Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 5:3 - Kitab Sutji

3 Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 5:3
21 Iomraidhean Croise  

ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah, abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula.


Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”


Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.


Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.


Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.


Malah ora ngamungake iku bae. Luwih cetha maneh Ibu Ribkah kang mbobot kembar saka priya siji, yaiku Rama Iskak, rama leluhur kita.


Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.


Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.


Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.


Amarga kowe wus padha kaparingan sih ora mung supaya pracaya marang Sang Kristus bae, nanging uga supaya nandhang sangsara kagem Panjenengane,


Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


Nanging sanadyan kowe kudu nandhang sangsara marga saka laku bener, kowe bakal rahayu. Aja wedi marang apa kang padha diwedeni sarta aja nganti giris.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan