4 Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.
Utawa, sapa ta kang wis tau misungsung apa-apa marang Panjenengane, temahan banjur kaparingan leliru?
Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.
lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.
Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing watu sesandhungan,