Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: “Apa kang sira tandukake marang ingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yen wong wadon iku somahira?
Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?
Nanging apa kang daktindakake bakal dakterusake kanggo nyegah marang wong kang padha golek jalaran kanggo nuduhake, yen padha kaya aku sakanca ing sajroning prakara kang bisa diegung-egungake.
Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.
Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.
lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.
Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: “Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.