Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 3:4 - Kitab Sutji

4 Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose: “Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 3:4
33 Iomraidhean Croise  

Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluk sarta mbenerake kang nitahake aku;


Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu, kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,


Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun.


Ing sajroning kabingunganku aku ngucap: “Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”


Dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresan saha sakathahing angger-anggering kaadilan Paduka punika kangge ing salaminipun.


Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci, saha memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka, dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.


Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat.


He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane, Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)


Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina!


Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”


Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”


Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.


Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.


Kang iku aku takon: Apa wong mau anggone padha kasandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.


Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.


Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!


Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?


Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.


Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!”


Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!


Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi gegelitaning Sang Kristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahake marang laku jina? Babar pisan ora!


Demi Gusti Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowe ora “iya” lan “ora”.


Nanging manawi kita piyambak ing salebeting ngudi supados kaanggep leres wonten ing Sang Kristus punika nyatanipun tiyang-tiyang dosa, punapa punika lajeng ateges bilih Sang Kristus punika dados paladosing dosa? Babar pisan boten.


Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.


Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.


Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjenengane iku bener lan adil.


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


alandhesan pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurunge purwaning jaman wus kaprasetyakake dening Gusti Allah kang ora dora,


supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.


Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan