Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 3:3 - Kitab Sutji

3 Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 3:3
19 Iomraidhean Croise  

Manawi lumampah wonten ing lebak Baka, punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun; tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.


iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.


Gusti Allah punika sanes manungsa, kok ngantosa dora, inggih sanes anaking manungsa, kok ngantosa keduwung. Punapa inggih Panjenenganipun ngandika lajeng boten katindakaken, utawi ngandika lajeng boten dipun tetepi?


Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.


Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.


Ananging ora kabeh wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Nabi Yesaya munjuk mangkene: “Dhuh Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?”


Sabab Gusti Allah ora kagungan raos kaduwung tumrap peparinge sih-rahmat sarta timbalane.


Ewadene pangandikane Gusti Allah iku mokal yen wurunga. Awit ora saben trahe Israel iku wong Israel,


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget


manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya, awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”


Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.


Punapa malih Sang Minulya ing Israel punika boten dora lan Panjenenganipun boten nate keduwung, amargi Panjenenganipun sanes manungsa ingkang wajib nggetuni.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan