Celathunira mangkene: “Ngabekti marang Gusti Allah iku ora ana gunane. Pituwase apa ta anggonku netepi pepakone, sarta lumaku kalawan manganggo bagor ana ing ngarsane Yehuwah Gustine sarwa dumadi?
Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.
Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,
Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”
Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.