Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 2:3 - Kitab Sutji

3 Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 2:3
22 Iomraidhean Croise  

para panggedhene bani Amon munjuk marang Sang Prabu Hanun, gustine: “Miturut panggalih dalem Prabu Dawud punika punapa badhe ngurmati kang rama, dene ngantos utusan abdi-abdinipun ingkang ngaturaken belasungkawa punika? Punapa boten kagungan karsa badhe niti-priksa kitha punika sarta nelik badhe nglebur kitha, pramila Prabu Dawud lajeng utusan para punggawanipun dhateng ngarsa dalem?”


“Apa iki kang kokanggep adil lan anggonmu calathu: kabeneranku ana ing ngarsane Gusti Allah,


Iya iku kang sira lakoni; nanging Ingsun kendel bae; panyananira Ingsun iki padha karo sira; sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira.


sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula, kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.


Sanyata, wong ala mesthi tampa ukuman, nanging turune wong bener bakal kapitulungan.


Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah, sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman.


Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?


Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat.


kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”


Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”


Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?


Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”


Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”


Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk.


Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


Kita rak padha sumurup yen paukumane Gusti Allah iku ing sabenere tumrap sapa bae kang nglakoni iku mau.


Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan