Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 2:1 - Kitab Sutji

1 Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 2:1
20 Iomraidhean Croise  

Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”


Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.


“Aja padha ngukumi, supaya kowe iya ora bakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili, supaya kowe iya ora padha diadili. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura.


Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhewe ana ing ngarsane Gusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputake awake dhewe tumrap apa kang dianggep becik katindakake.


Kita rak padha sumurup yen paukumane Gusti Allah iku ing sabenere tumrap sapa bae kang nglakoni iku mau.


Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?


Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,


Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?


He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.


He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan