Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 13:2 - Kitab Sutji

2 Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 13:2
14 Iomraidhean Croise  

Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,


Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.


He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.


Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.


kang padha nguntal omahe para randha, lan kekedhok donga kang dawa. Wong-wong iku mesthi bakal luwih abot paukumane.”


kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:


Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan esuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”


Saiki kowe arep padha tutur marang aku: “Yen mangkono, apa maneh kang kaanggep luput dening Panjenengane? Sabab sapa kang bisa nglawan karsane?”


Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.


Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan