LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 10:3 - Kitab Sutji3 Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah. Faic an caibideil |
Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.