LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 10:2 - Kitab Sutji2 Amarga aku nekseni, yen pancen padha taberi banget anggone ngabekti marang Gusti Allah, nanging tanpa pangreten kang bener. Faic an caibideil |
“Kula punika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ing tanah Kilikia, nanging kagulawenthah wonten ing kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita wonten ing ngarsaning sampeyanipun Sang Gamaliel, matemah kula lajeng dados tiyang ingkang meleng ing pangabekti dhumateng Gusti Allah, kados panjenengan sadaya punika.