Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:9 - Kitab Sutji

9 Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gumolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:9
34 Iomraidhean Croise  

Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga, kang nekseni aku ana ing ngaluhur.


Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.


Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.


Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.


Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”


Namung kemawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula kalayan ngenut Margining Pangeran punika, inggih punika Margi ingkang dipun wastani sekte dening tiyang-tiyang punika. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Toret saha ing kitabipun para nabi.


Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah-sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula


Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.”


Kandhaku iki temen-temen ana ing Sang Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku melu nekseni marga dening Sang Roh Suci,


Nanging aku nyebut marang Gusti Allah minangka seksiku – Panjenengane iku nguningani aku – manawa anggonku ora sida teka ing Korinta iku sabab aku ngeman kowe.


Gusti Allah Ramane Gusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawase, pirsa, manawa aku ora goroh.


Aku ora goroh ana ing ngarsane Gusti Allah, apa kang daktulis iki temenan.


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Aku caos sokur marang Allahku saben-saben aku ngelingi marang kowe kabeh.


Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.


Kowe rak wus padha ngreti bab kasetyane kang wus kateter lan manawa dheweke wus kaya anak marang bapakne anggone ngrewangi aku ing bab anggonku ngladeni Injil.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingi kowe ana ing sajroning pandongaku.


Rina wengi aku padha ndedonga kalawan mantheng, supaya bisaa ketemu karo kowe lan nyampurnakake kakuranganing pracayamu.


Aja kendhat anggonmu ndedonga.


Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.


Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi.


Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku,


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan