Aku gumun, dene kowe enggal temen padha nyingkur Panjenengane, kang marga sih-rahmate Sang Kristus wus nimbali kowe, sarta banjur kelu marang injil liyane,
Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake – aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane –
Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,
kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.
sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.
Mangkono iku karsane anggone panjenengane nimbali kowe kabeh lumantar Injil, kang padha dakwartakake, satemah kowe padha oleh kamulyane Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman.
Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, iya iku Gusti Yesus,
Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.
Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.
Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.
Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.
Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”