LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:25 - Kitab Sutji25 Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekake marang kang nitahake, kang mesthine kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin. Faic an caibideil |
Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure,