Wong kang tansah ribut bab awu, iku kasasarake dening atine kang kapusan; ora bisa gawe slameting nyawane utawa kandha: “Apa dudu bab kang cidra kang dadi gondhelanku iki?”
Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira; sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!” Kawicaksananira lan kawruhira iku kang nasarake sira, satemah sira mosik ing sajroning atinira: “Kajaba aku ora ana liyane!”
Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apa lan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane. Awitdene reca cor-corane iku apus-apus, ora duwe nyawa.
“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.