Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:21 - Kitab Sutji

21 Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:21
34 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,


Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun ora bakal numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.


Para punggawane Sang Prabu ing Aram padha munjuk marang panjenengane: “Allahipun ngrika punika allahing redi; milanipun ngrika langkung kiyat tinimbang kita. Nanging manawi anggen kita perang nglawan ngrika punika wonten ing tanah ingkang wradin, kita tamtu langkung kiyat tinimbang ngrika.


Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.


Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”


Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun, sarta Israel ora seneng marang Ingsun.


Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.


Lah mung iki kang daktemokake, yaiku manawa Gusti Allah wus nitahake manungsa kang jujur, nanging wong banjur padha ngupaya akal pirang-pirang.


Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa bae, atine wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanane?


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa?


nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,


supaya Ingsun bisa ngrogoh atine turune Israel, kang wus padha ninggal Ingsun kabeh sarana anggone padha ngetut-buri marang sakehing brahalane iku.


Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.


Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.


Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala.


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Awit kang bisa disumurupi mungguhing Gusti Allah iku wus cetha tumrap wong-wong mau, jalaran wis padha kaparingan sumurup dening Gusti Allah.


Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,


Saha mripatipun sami kadamela peteng, satemah sami boten ningali, sarta gegeripun kadamela wungkuk ing salaminipun.”


sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose: “Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”


temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi.


Wong bakal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,


Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


pangandikane kalawan swara seru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.”


Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan