Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:13 - Kitab Sutji

13 Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, – nanging nganti saprene tansah ana alangan –.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:13
38 Iomraidhean Croise  

Ing dina-dina kang bakal kelakon, Yakub bakal metu oyode, Israel bakal ngrembaka lan metu trubusane sarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune.


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.


Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.


Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.


Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:


Sarawuhe ing kono banjur nglumpukake pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wis katindakake dening Gusti Allah lumantar panjenengane sakaliyan; apadene bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.


Kabeh sing padha marepat banjur padha meneng, tumuli padha ngrungokake critane Rasul Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaelokan kang ditindakake dening Gusti Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarane bangsa-bangsa liya.


Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”


Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.


Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.


yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.


Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


Para sadulur, apa kowe padha ora sumurup, – awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, – yen ta angger-angger iku anggone mengku wong ing sajege urip?


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Anadene karepku, para sadulur, supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita padha kaauban ing mega, lan kabeh wis padha lumaku nratas patunggilane Nabi Musa sarana kabaptis ana ing mega lan ing sagara mau.


Saiki bab peparinge Sang Roh. He para sadulur, karepku kowe padha nyumurupana ing sabenere.


Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.


Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.


Sanadyan kanggone wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.


Sabab karepku para sadulur, supaya kowe padha sumurupa mungguhing sangsara kang dakalami ana ing tanah Asia-Cilik; aku padha nandhang sangsara kang samono gedhene lan abote, nganti aku padha ora duwe pangarep-arep yen bisa urip.


Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.


Para sadulur, becike aku daknganggo conto padinan. Sawijining wasiyat kang wus kaabsahake iku, sanadyan ta saka manungsa, ora ana wong kang bisa mbatalake utawa nambahi.


Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggala ing sukmamu, sadulur-sadulur! Amin.


Nanging manawa aku kudu urip ana ing donya iku, iku tumraping aku ateges nyambut-gawe metokake woh. Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora bisa ngandhakake.


Mung bae kang daklengake dudu paweweh iku, nanging wohe, kang sangsaya nggedhekake kauntunganmu.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.


Amarga niyatku kabeh arep nekani kowe, – aku, Paulus, malah ora mung sapisan bae – nanging padha kapalangan dening Iblis.


Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.


Amarga kanthi patrap dhedhemitan duraka iku wis wiwit tumindak ing gawe, nanging saiki isih ana kang mekak. Manawa kang mekak iku wus kasingkirake,


nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan