Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:11 - Kitab Sutji

11 Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:11
32 Iomraidhean Croise  

Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”


Sang Prabu wus lilih dukane marang Pangeran Absalom, amarga sungkawane jalaran saka sedane Pangeran Amnon wus lipur.


Sang Prabu Dawud katuwuhan pepenginan lan ngandika: “Bok ana wong aweh banyu ngombe marang aku saka sumur ing Betlehem sacedhake gapura.”


Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”


Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakake pracayane lan saya suwe saya wuwuh cacahe.


Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”


Lan nalika Rasul Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwit calathu nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.


yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.


Nanging saiki, sarehne aku wus ora duwe papan nyambut-gawe maneh ana ing wilayah kene, sarta sarehne aku wus sawatara taun kapengin nemoni kowe kabeh,


Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.


supaya aku bisa kanthi suka-pirena nemoni kowe awit saka karsane Gusti Allah, bisa kadunungan rasa seger bareng karo kowe kabeh.


Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,


Lelandhesan keyakinan iki, aku maune wus tau ngrancang nekani kowe, supaya kowe oleha sih-rahmat kang kaping pindhone.


Sabab Panjenengane kang wus nyantosakake aku kabeh bebarengan karo kowe ana ing patunggilane Sang Kristus, yaiku Gusti Allah kang wus njebadi,


Awit kowe mung sabar bae yen ana wong teka martakake Gusti Yesus kang beda karo apa kang wus dakwartakake, utawa aweh roh kang beda karo kang wus koktampani utawa Injil kang beda karo kang wus koktampani.


Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.


Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.


Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.


Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.


Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabeh ing bab pracayamu,


muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu ing sajroning panggawe sarta pitembungan kang becik.


Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.


Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.


Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.


Anggonku nulis cekak marang kowe iki lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulur kang kena dipracaya, prelu ngelingake sarta nyethakake, manawa iki sih-rahmate Gusti Allah kang sanyata. Iku padha ugemana kang temenan!


Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan