Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:10 - Kitab Sutji

10 Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:10
15 Iomraidhean Croise  

Panjenengane pamitan kalawan ngandika: “Kula badhe mriki malih, manawi Gusti Allah ngarsakaken.” Banjur mancal saka ing Efesus.


Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”


Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”


Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.


Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,


Nanging manawa Gusti marengake, aku bakal enggal nekani kowe. Ing kono aku bakal nyumurupi, dudu tembunge wong kang kumenthus mau, nanging daya-kakuwatane.


Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.


Amarga niyatku kabeh arep nekani kowe, – aku, Paulus, malah ora mung sapisan bae – nanging padha kapalangan dening Iblis.


Kajaba saka iku aku iya cawisana papan pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwe pangarep-arep yen aku bakal kaparingake marang kowe kabeh maneh.


Luwih maneh pituturku marang kowe, supaya kowe padha nindakake mangkono iku supaya aku enggal-enggala kabalekake marang kowe.


Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan