Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:1 - Kitab Sutji

1 Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 1:1
73 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Padha ngrungokna marang Ingsun, he pulo-pulo padha nggatekna, he para bangsa kang adoh! Ingsun wus katimbalan dening Pangeran Yehuwah wiwit isih ana ing bobotan asmaningSun wus kapangandikakake wiwit isih ana ing guwa-garbaning ibuningSun.


“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”


Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah,


Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.


Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.


Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.


Nanging Rasul Saulus, kang uga asma Paulus, kang kapenuhan ing Roh Suci, nuli mancerengi dheweke


Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene:


Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”


Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swara ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?


Sang Prabu Agripa tumuli ngandika marang Rasul Paulus: “Kowe wis kalilan ngaturake panjawab.” Rasul Paulus banjur kumlawe astane sarta ngaturake panjawab mangkene:


Kawula sadaya nunten sami ambruk ing siti, tuwin kawula lajeng mireng swara ingkang mangandikani kawula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagene sira kok nganiaya Ingsun? Rekasa sira nungkak angkus.


Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah-sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula


Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.


Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.


Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.


Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gumolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:


Aku pitutur marang kowe, heh para bangsa saliyane bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasule para bangsa saliyane bangsa Yahudi, aku nganggep yen bab iki dadi kamulyaning pangabdiku,


yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.


Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.


Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,


Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,


Apa aku iki dudu rasul? Aku rak wong merdika, ta? Apa aku ora wus ndeleng Gusti Yesus, Gusti kita? Kowe iku apa ora dadi garapanku ana ing Gusti?


Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasule Sang Kristus Yesus, lan saka Timoteus sadulur kita, marang pasamuwaning Allah ing Korinta karo sakabehing wong suci ing sawrataning tanah Akhaya.


Nanging manut panemuku sathithik bae aku ora kalah karo rasul-rasul kang pinunjul iku.


Apa aku kaluputan manawa aku ngasorake awakku dhewe kanggo ngluhurake kowe, marga aku martakake Injile Gusti Allah marang kowe tanpa pituwas?


Aku wus dadi tanpa budi temenan, nanging kowe kang padha meksa marang aku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyan aku ora ana tegese babar pisan, nanging ing samubarang kabeh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku.


Nalikane aku tekan ing Troas prelu martakake Injile Sang Kristus, aku wus kawenganan lawang dening Gusti ana ing kana.


Awit kang dakwartakake iku dudu awakku dhewe, nanging Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsane Gusti Yesus.


Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,


Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,


Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.


Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.


lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusti Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.


Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus, kang marga dening karsane Gusti Allah, lan saka sadulur kita Timoteus,


Aku wus dadi paladose pasamuwan iku nyondhongi bubuhan kang diparingake dening Gusti Allah marang aku, yaiku nglantarake sabdane kalawan sakatoge marang kowe,


Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.


Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.


Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.


Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus manut dhawuhe Gusti Allah, Juruslamet kita, lan Gusti Kristus Yesus, dhasaring pangarep-arep kita,


Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.


Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru.


Saka Paulus, abdining Allah lan rasule Gusti Yesus Kristus, manut pracayaning para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhing kayekten, kang laras karo pangibadah kita,


Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.


Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?


Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”


Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan