7 Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.
Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Sira padha njupuka angus ing pawon paleburan sagegem kebak, lan Musa banjur nyawurna angus mau ing awang-awang ana ing ngarepe Pringon.
Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.