Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:6 - Kitab Sutji

6 Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:6
10 Iomraidhean Croise  

Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es, lan rajakayane disamber ing bledheg.


Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune, nyawane padha ora diluwari saka ing pati, nyawane padha diulungake marang pageblug;


Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.


Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Udan es mau ngrusak samubarang kang ana ing ara-ara, ing sawratane tanah Mesir, iya manungsa iya kewan, mangkono uga ngrusak sawarnane tanem-tuwuh kang ana ing ara-ara lan ngesolake sakehe wit-witan.


Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.


Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”


Anadene Pangeran Yehuwah nemtokake wektune, pangandikane: “Sesuk anggone Pangeran Yehuwah bakal nindakake prakara iku ana ing nagara kene.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan