4 Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”
Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.
Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.
Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.
“Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira, telung sasi sadurunge mangsa panen; sarta paring udan ana ing salah sijining kutha, lan kutha sijine ora Sunparingi udan, pategalan kang siji kodanan, tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.