34 Bareng Sang Prabu Pringon mirsa, yen udan, udan es lan gludhug wus padha leren, tumuli nerusake anggone damel dosa, sarta mangkotake panggalihe, iya panjenengane iya para abdine.
Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.
Galihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temah ora nglilani lungane wong Israel, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.
Punapa ta sebabipun, dene panjenengan sadaya kok sami mangkotaken panggalih, kadosdene tiyang Mesir saha Prabu Pringon? Punika rak sami ngetogaken kemawon, nalika bangsa punika kesah, inggih punika rikala Panjenenganipun damel dolanan tiyang-tiyang wau?