banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratane tanah Mesir lan mangana saanane tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anane udan es.”
Walang mau bakal nutupi lumahe bumi nganti ora katon lemahe, sarta bakal mangani nganti entek sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anane udan es, dalasan sakehe wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabeh.
Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.
Apa ora sawise tanahe karata, anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih, nguluri gandum juwawut lan sair sarta wiji kusemet ana ing pinggire?
Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina.