banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.
“Ingsun wus nggebag sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh, patamanan lan pakebonanira anggur wus Sundadekake alum, apadene witira anjir lan witira jaitun padha kamangsa ing walang nganti entek, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun,
Kaya mangkono ulihe Naomi karo Rut wong Moab, mantune, kang melu bali saka ing tanah Moab. Lan tekane ing Betlehem pinuju ing mangsa wiwitane panen sair.
Kaya mangkono Rut ora pisah-pisah karo batur-bature wadon Boas anggone ngasag-asag, nganti tumeka salebaring panen sair lan gandum, lan sasuwene iku dheweke manggon nunggal karo maratuwane.