Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:3 - Kitab Sutji

3 lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:3
9 Iomraidhean Croise  

Raja-kayane banjur padha diaturake marang Sang Yusuf. Sang Yusuf tumuli maringi pangan minangka ijole jaran, pepanthan wedhus, pepanthan sapi apadene kuldi; dadi setaun iku wong-wong mau padha dicukupi pangane minangka ijole raja-kayane.


Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula, amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.


Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”


Manawa Pringon ora ngrungokake marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahake astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israel metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot.


Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


“Ingsun wus ngintunake pageblug ana ing tengahira, kayadene marang wong Mesir; jakanira padha Sunpateni kalawan pedhang, nalika jaranira padha karayah. Palerebanira wus Sundamel mambu banger, Suntamakake ing irungira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Saiki delengen, astaning Pangeran nempuh marang kowe, kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisa ndeleng srengenge.” Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pepeteng lelimengan, sarta banjur grayah-grayah golek wong kang nuntun dheweke.


Nunten sami migatosna: manawi pethi punika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih Panjenenganipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangretos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita; namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan