Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:29 - Kitab Sutji

29 Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:29
19 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:


lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel punika sadaya sami ngunjukaken pandonga sarta panyuwunan wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun – awit satunggal-satunggalipun sumerep punapa ingkang damel judheging manahipun piyambak punika –


Bareng wayah kurban sore iku aku banjur ngadeg saka enggonku nyiksa awakku, sarta jengkeng kanthi isih nganggo sandhanganku kang suwek lan ngegarake tanganku marang Sang Yehuwah Allahku,


Manawa atimu kokcawisake, nuli ngegarake tanganmu marang Panjenengane,


Pangeran Yehuwah nindakake apa kang dadi karsane, ana ing swarga lan ing bumi, ing segara lan ing saindenging samodra agung.


Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. (Selah)


Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira, amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.


Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.


Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.


Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.


Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih.


Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”


Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe: “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.


Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan