Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:28 - Kitab Sutji

28 Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:28
14 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan melu.”


Nabi Musa lan Rama Harun banjur kasowanake maneh marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta padha dipangandikani: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira. Sapa bae satemene kang bakal padha lunga iku?”


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ndhatengake wewelak sapisan engkas marang Pringon lan marang tanah Mesir, sawuse mangkono mesthi bakal nglilani sira lunga saka ing kene. Dene samangsa wus nglilani lunganira, sira malah padha dipeksa-peksa metu saka ing nagara kene.


Sang Prabu Pringon tumuli nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, pangandikane: “Padha lungaa, saosa kurban marang Allahmu ana ing tanah kene!”


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”


Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


“Panjenengan mugi karsaa neges dhumateng Sang Yehuwah, amargi Sang Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil nempuh perang! Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nindakaken tumrap kula sami kadosdene kaelokan ingkang sampun kalampahan, temah Sang Prabu Nebukadnezar wau mundur nilar kula.”


Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”


Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”


Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan