Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:24 - Kitab Sutji

24 Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:24
11 Iomraidhean Croise  

kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan, kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang?


Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono, lan geni kang mulad-mulad ing negarane;


Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilang bareng karo udan es lan mawa mengangah.


Malah bakal ngebaki omahira, omahe abdinira lan omahe wong Mesir kabeh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami dening para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti saprene.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.


Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.


Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.


Udan es mau ngrusak samubarang kang ana ing ara-ara, ing sawratane tanah Mesir, iya manungsa iya kewan, mangkono uga ngrusak sawarnane tanem-tuwuh kang ana ing ara-ara lan ngesolake sakehe wit-witan.


Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.


Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.


Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sajroning bebenduningSun Ingsun bakal nganakake prahara lan sajroning dukaningSun udan deres kang nuwuhake banjir, sarta ing sajroning bebenduningSun udan krikil kang gawe rusak.


Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan