Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:23 - Kitab Sutji

23 Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:23
22 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,


Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.


Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan, sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme?


he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;


Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilang bareng karo udan es lan mawa mengangah.


Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.


Mendhung nggrojogaken toya, gumuruh swaraning mega mawarni-warni, malah jemparing Paduka sami pating clorot.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,


Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.


Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.


Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.


Ingsun bakal paring paukuman marang Gog awujud pageblug lan wutahing getih; Ingsun bakal nganakake udan deres, udan krikil, udan geni lan udan welirang kang tumempuh marang dheweke marang wadya-balane lan marang bangsa akeh kang padha mbiyantu dheweke.


Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.


Tumuli ana thathit cumleret lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhe kang salawase bumi dienggoni manungsa durung tau kalakon. Kaya mangkono hebate lindhu iku.


Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.


Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan