Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:21 - Kitab Sutji

21 Balik kang ora maelu marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, padha ngetogake bae batur-bature lan kewane ana ing ara-ara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:21
11 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”


Saupama nggalih marang manungsa, sarta banjur mundhut wangsul roh lan napas kang wus diparingake,


Manungsa punika punapa ta, dene ngantos Paduka anggep ageng, saha Paduka gatosaken,


Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau.


Para abdine Sang Prabu Pringon kang rumangsa wedi marang pangandikaning Sang Yehuwah, iku nuli padha akon batur-bature lan kewane mlebu ngomah.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana udan es tumurun saka ing langit mratani satanah Mesir kabeh, ngenani manungsa, kewan lan tetuwuhan ing ara-ara ing tanah Mesir.”


Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.


Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange, aku ndeleng nuli oleh wulangan.


Iku banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kalawan tliti, rungokna lan gatekna kang temenan samubarang kabeh kang bakal daktuduhake marang kowe; amarga iya iku prelune anggonmu kabekta mrene, yaiku supaya aku nuduhake iku kabeh marang kowe. Kabeh kang kokdeleng iki caritakna marang turune Israel.”


Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.


Nalika ndungkap seda, para wong wadon kang padha ngadeg ing sandhinge, padha matur: “Sampun sumelang, amargi panjenengan sampun mbabar putra kakung.” Nanging wus ora sumaur lan ora nggatosake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan