kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”
Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sesuk sira tangia kang esuk, sebaa marang ngarsange Pringon sarta matura: Pangeran Yehuwah Allahipun tiyang Ibrani ngandika makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga supaya saos pangabekti marang Ingsun.
lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.
Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.