Sang Prameswari Izebel banjur utusan wong nglantarake pangandikane marang Nabi Elia mangkene: “Aku muga diganjara paukuman mangkene dening para allah, malah ngluwihana iku, manawa sesuk kira-kira wayah mangkene iki nyawamu ora dakgawe padha kaya nyawane sawiji-wijine wong iku.”
nanging benjing-enjing kinten-kinten ing wanci makaten, kula badhe ngutus para punggawa kula supados sowan ing ngarsa panjenengan saha nggledhah griyanipun para punggawa panjenengan, sarta punapa ingkang dipun tingali lan dipun pengini badhe dipun pendhet saha badhe dipun bekta.”
Nabi Elisa nuli ngandika: “Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Sesuk kira-kira wayah mangkene glepung kang becik dhewe saseah bakal rega sasekel lan sair rong seah bakal rega sasekel ana ing gapuraning Samaria.”
Sabanjure kelakon uga apa kang diaturake abdining Allah marang Sang Prabu: “Benjing-enjing watawis ing wanci makaten punika wonten ing sakethenging kitha Samaria sair kalih seah badhe regi sasekel saha glepung ingkang sae piyambak saseah badhe regi sasekel.”
Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabeh padha neba ing satlatahe Mesir nganti akeh banget; sadurunge iku durung tau ana walang samono akehe lan ing tembe iya bakal ora kelakon mangkono maneh.
Malah bakal ngebaki omahira, omahe abdinira lan omahe wong Mesir kabeh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami dening para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti saprene.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.
Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.