Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:17 - Kitab Sutji

17 Saprene sira tansah ngalang-alangi umatingSun, ora sira lilani lunga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:17
14 Iomraidhean Croise  

temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”


Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane, kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?


Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.


Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.


apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo, utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo? Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake, lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun, lan tembung-tembungira kang gumunggung wus sumengka marang ing talinganingSun, mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ing irungira tuwin kendhaliningSun ing lambenira, sarta Ingsun bakal ngulihake sira liwat ing dalan, kang sira liwati nalika teka.


Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake; ora liya iku mung wingka pecahan kendhil! Apa lempung bakal celathu marang kundhi: “Apa kang kokgawe?” utawa marang apa kang wus digawe: “Kowe iku ora duwe tangan!”


Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,


Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.


Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.


Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan