Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 9:15 - Kitab Sutji

15 Satemene saupama Ingsun karsa ngagagake astaningSun sarta nggebag marang sira lan para kawulanira kalawan pageblug, mesthi sira wus katumpes sirna saka bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 9:15
13 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


Anadene panggawe kang mangkono iku dadi lan dosane tedhake Sang Prabu Yerobeam, satemah banjur padha kasirnakake saka ing salumahing bumi.


Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,


Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!


Marga banyu mau bareng tempuk pulih kaya maune nglelebake kreta lan balane jaranan sabalane Sang Prabu Pringon kabeh, kang padha nututi mlebu ing sagara; ora ana wonge siji-sijia kang isih urip.


Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.


Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.


Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.


lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.


Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.


nanging para wong duraka bakal padha kasirnakake saka ing tanah iku, sarta wong kang laku cidra bakal padha kabuwang saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan