11 Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.
Nabi Musa lan Rama Harun banjur mundhut angus saka ing pawon paleburan, tumuli jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, anguse tumuli disawurake ing awang-awang dening Nabi Musa, temah ana memala wudun kang mecah ngoreng thukul ing badane manungsa lan kewan.
Angus iku bakal malih dadi bledug lembut nyrambahi satanah Mesir kabeh, iku bakal njalari anane memala wudun kang mecah dadi koreng, ngenani manungsa lan kewan ing sawratane tanah Mesir.”
Malaekat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokore menyang ing bumi; wong kang kanggonan cirine si kewan lan kang sujud marang recane tumuli padha kena ing memala wudun kang ampuh lan mbebayani.