PANGENTASAN 9:1 - Kitab Sutji1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon sarta sira matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Ibrani makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun. Faic an caibideil |
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.