Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:9 - Kitab Sutji

9 Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:9
8 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia nuli ngandika marang para nabine Baal: “Padha miliha sapi siji lan padha cecawisa dhisik, amarga cacahmu iki akeh. Sawuse mangkono banjur padha nyebuta jenenge allahmu, nanging kowe ora kena ndokoki geni.”


Kaya mangkono nganti kelakon ganep pitung dina, yaiku wiwit saka anggone Pangeran Yehuwah ndhawahi wewelak marang bengawan Nil.


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.


Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo, utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo? Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake, lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Iya wus padha Sunapura, kaya kang dadi panyuwunira.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan