Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:8 - Kitab Sutji

8 Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:8
24 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika; amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka.


Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.


Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”


Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta ndedonga marang Pangeran Yehuwah.


Bareng Sang Prabu Pringon kaunjukan pawarta, yen bangsa iku wus minggat, nuli Sang Prabu Pringon salin panggalihe, mangkono uga para abdine tumrap bangsa iku lan padha sapocapan: “Yagene kita kok padha nglakoni mangkono? Nganti nglilani Israel padha lunga, dadi wus ora ngawula marang kita?”


Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?


Nanging pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sapa ta Yehuwah iku, kang prentahe kudu sunestokake bab nglilani lungane wong Israel? Ingsun ora wanuh karo Yehuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungane wong Israel.”


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Ature Nabi Musa: “Saundur kawula saking ngarsa dalem kawula badhe nyenyuwun dhateng Pangeran Yehuwah, satemah laler cathak punika benjing-enjing sami sirna saking ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha saking ngajenganipun para abdi lan para kawula sadaya. Nanging Sang Prabu Pringon sampun ngantos cidra malih, satemah boten nglilani bangsa punika kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.”


Ewadene Sang Prabu Pringon iya meksa mangkotake panggalihe, ora nglilani lunga bangsa mau.


Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”


Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.


Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”


Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”


Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan