Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:6 - Kitab Sutji

6 Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:6
17 Iomraidhean Croise  

Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.


kambi munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel! Ing swarga saha ing bumi boten wonten allah ingkang kados Paduka; Paduka ingkang nglestantunaken prajanjian saha sih-susetya dhumateng para abdi Paduka ingkang gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan gumolonging manah;


Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane, malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.


ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.


Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka, sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka.


Saderengipun redi-redi kalairaken, sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad, wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”


Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.


Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.


“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.


Sadhengah kang urip ana ing banyu kang tanpa kepet lan sisik, iku najis tumrap sira.


Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita; bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.


Ora ana kang madhani Gusti Allah, he Yesyurun. Kang nenitih nglangkungi langit mitulungi kowe, lan ngagem kaluhurane ngambah ing mega.


Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.


Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan