Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:32 - Kitab Sutji

32 Ewadene Sang Prabu Pringon iya meksa mangkotake panggalihe, ora nglilani lunga bangsa mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:32
11 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Sang Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, temah laler cathak mau sirna saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan saka ing ngarepe para abdi tuwin para kawulane, siji bae ora ana kang kari.


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.


Dhuh Yehuwah, punapa sababipun dene Paduka ngetogaken anggen kawula sami kesasar nyimpang saking ing margi Paduka, tuwin punapa sababipun dene Paduka mangkotaken manah kawula, satemah lajeng boten sami ajrih dhumateng Paduka? Paduka mugi karsaa wangsul margi saking para abdi Paduka, margi saking taler-talering bangsa kagungan Paduka!


Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


Punapa ta sebabipun, dene panjenengan sadaya kok sami mangkotaken panggalih, kadosdene tiyang Mesir saha Prabu Pringon? Punika rak sami ngetogaken kemawon, nalika bangsa punika kesah, inggih punika rikala Panjenenganipun damel dolanan tiyang-tiyang wau?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan