Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:3 - Kitab Sutji

3 Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:3
8 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Putri Yosabat, putra putrine Sang Prabu, mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kaculik saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang bakal disedani mau, banjur dilebetake ing gudhang pasarean karo inyane. Kaya mangkono Sang Putri Yosabat, putri putrane Sang Prabu Yoram, garwane Imam Yoyadha, – panjenengane iku sadhereke putri Sang Prabu Ahazia – anggone ndhelikake Pangeran Yoas saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora nganti disedani dening Sang Putri Atalya;


Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane, malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.


Malah bakal ngebaki omahira, omahe abdinira lan omahe wong Mesir kabeh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami dening para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti saprene.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.


Bangsa iku anggone nggawa jladrene durung nganti dirageni, dadi jladren sawadhahe dibuntel ing rimonge sumampir ana ing pundhake.


Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.


Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”


dene manawa sira tetep ora nglilani lungane, lah satlatahe tanahira bakal Sundhawahi wewelak kodhok.


Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan