PANGENTASAN 8:29 - Kitab Sutji29 Ature Nabi Musa: “Saundur kawula saking ngarsa dalem kawula badhe nyenyuwun dhateng Pangeran Yehuwah, satemah laler cathak punika benjing-enjing sami sirna saking ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha saking ngajenganipun para abdi lan para kawula sadaya. Nanging Sang Prabu Pringon sampun ngantos cidra malih, satemah boten nglilani bangsa punika kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.” Faic an caibideil |
Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu! Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet!”