Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:28 - Kitab Sutji

28 Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:28
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.


Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”


Ewasamono Ingsun mirsa, yen raja ing Mesir bakal ora nglilane sira lunga, kajaba manawa dipeksa sarana asta kang rosa.


Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Ature Nabi Musa: “Saundur kawula saking ngarsa dalem kawula badhe nyenyuwun dhateng Pangeran Yehuwah, satemah laler cathak punika benjing-enjing sami sirna saking ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha saking ngajenganipun para abdi lan para kawula sadaya. Nanging Sang Prabu Pringon sampun ngantos cidra malih, satemah boten nglilani bangsa punika kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke.


lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.


Atine lamis, saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane, Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe, lan mbubrah tugu-tugune brahala.


Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan