Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:26 - Kitab Sutji

26 Ature Nabi Musa: “Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhe kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi sela?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:26
11 Iomraidhean Croise  

Dhaharan banjur kaladekake, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhereke dhewe, lan wong Mesir kang padha ndherek mangan iya dhewe, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir.


Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.


Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.


Sawuse lelakon iku mau kabeh, para panggedhe nuli padha ngrawuhi aku lan ngandika: “Umat Israel saha para imam tuwin para tiyang Lewi punika sami boten nebihi para tiyang ing tanah ngriki saha lampahipun ingkang nistha, inggih punika tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Feris, tiyang Yebus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir saha tiyang Amori.


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan