Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:22 - Kitab Sutji

22 Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:22
19 Iomraidhean Croise  

Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.


Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!


Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila, ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi.


Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.


Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.


Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.


Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.


Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.


dene manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakake laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahe wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahe kang dienciki.


Ingsun bakal mbedakake ing antarane umatingSun lan bangsanira. Sesuk bakal kelakon pratandha iku!”


Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.


Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.


Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”


Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.


Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan