Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:20 - Kitab Sutji

20 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:20
11 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak, lan lemud-lemud ing satanah kabeh;


ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.


Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk.


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”


Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”


Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”


Sira sowana marang Pringon ing wayah esuk, yaiku yen mbeneri metu menyang bengawan kaya adate, sira ngentenana ana ing sapinggire bengawan Nil karo nyekel teken kang maune malih dadi ula.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,


dene manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakake laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahe wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahe kang dienciki.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sesuk sira tangia kang esuk, sebaa marang ngarsange Pringon sarta matura: Pangeran Yehuwah Allahipun tiyang Ibrani ngandika makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga supaya saos pangabekti marang Ingsun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan